The Lion of Jehuda: Kotbah 11 Maret 2012 - Jawa Metal Set - Link Select

Jumat, 09 Maret 2012

Kotbah 11 Maret 2012 - Jawa


NELAKAKEN KATRESNANIPUN GUSTI ALLAH ING GESANG PADINTENAN


Waosan: Yohanes 2 : 13 -22

Pasamuwan ingkang dipunkasihi Gusti Yesus Kristus, wonten cariyos nyata mekaten, wonten pandhita ingkang badhe nindakaken peladosan bujono dalem wonten ing satunggaling pepanthan, ingkang jarakipun tebih sanget. Rikala badhe nyetater motor, pandhita punika ningali jarum bensin nunjuk huruf E, ingkang tegesipun bensin badhe telas. Awit jarak ingkang tebih, pandhita punika dhawuhi anak asuhipun supados tumbas bensin kalih liter, jarakipun namung 50 meter saking griyanipun. Lajeng kemawon, anak asuh punika kesah, mbekta nyatra sedasa ewu rupiah. Sampun 10 menit, nanging anak asuhipun mboten enggal wangsul, mila pandhita punika lajeng gelisah, awit ngengeti peladosan ingkang kedah dipuntindakaken, kamangka medanipun angel lan tebih, cuaca nggih radi mboten sae, ugi sampun dipuntengga kanca pradhata ing pepanthan. Awit raos gelisah punika, pandhita punika mondar-mandir, lan dipun suwuni pirsa semahipun“ono opo to pak….”. “Iki lo….bocah wadon siji, tuku bensin nang kidul kono…kok suwi tenan….”wangsulanipun pandhita. “Yo wis to pak….di enteni wae…mbok menawa entek bensin’e…dadine bocah’e golek nggon liyane…”semahipun nyobi nglipur. Gangsal welas menit, anak asuhipun sampun wangsul. Pandhita punika lajeng kaget, ngantos pasuryanipun abrit sedaya, awit nahan nesu, ningali punapa ingkang dipunbekta anak asuhipun. Kanthi raos ajrih, anak asuh matur dhateng pandhita “Pak…nyuwun panganpunten….wontenipun namung kalih iket bayem punika…..sanesipun sampun telas….punika susuk’ipun taksih sanga ewu…”.

Pasamuwan ingkang dipunkasihi Gusti Yesus Kristus, sadhar utawi mboten, gesang kita kados dene anak asuh punika. Mboten migatosaken kanthi tumemen pitedahipun Gusti, lajeng kita nindakaken kalepatan ingkang fatal, tumbas bayem kamangka prentahipun bensih, mboten nyambung banget. Namung awit kita mboten migatosaken pitedahipun Gusti. Gusti Yesus kanthi cetha paring pitedah dhateng kita, sira nresnani Allahira lan sira nresnani sepapadhanira. Punika bensinipun, kamangka ingkang kita bekta bayem. Pitakenanipun, kenging punapa kita kok kedah nresnani? Punika ingkang badhe kita ayati ing mangsa sangsara kaping tiga, samangke. Gusti Yesus sampun dados kurban, kangge nelakaken katresnanipun dhateng kita, katresnan ingkang adi sanget. Mila wekdalipun kita nelakaken katresnan dhateng Gusti Yesus Kristus, kanthi nindakaken pitedahipun kanthi leres lan tumemen. Waosan Injil kita samangke paring katerangan ingkang cetha, bilih tiyang ingkang kasebat setya tuhu dhateng Gusti, punika namung lamis, awit namung mentingaken kapentingannipun lan kauntunganipun pribadi. Padalemanipun Gusti dipunsulap dados pasar. Wonten persengkongkolan antawisipun Imam lan penjual, ndadosaken kauntungan ageng kangge Imam lan penjual. Kamangka padalemanipun Gusti punika panggenan ingkang suci, panggenan umat pinanggih kaliyan Gusti. Imam lan penjual punika mbekta bayem, kamangka prentahipun bensin. Imam lan penjual namung sibuk ngurusi urusan pribadi, ngantos nyupekaken Gusti. Punika ingkang dadosaken Gusti Yesus duka, ngobrak-abrik dagangan ingkang mboten pantes wonten ing padalemanipun Gusti ingkang suci. Imam lan penjual punika namung gajah diblangkoni, nelakaken bilih piyambakipun tiyang suci, nanging mboten nelakaken katresnanipun Gusti wonten ing gesangipun. Sepisan, mboten nresnani Gusti, awit nyulap padalemanipun Gusti dados pasar. Kaping kalih, ngalang-ngalangi umat badhe pinanggih Gusti, namung kangge kauntunganipun pribadi.

Pasamuwan ingkang dipunkasihi Gusti Yesus Kristus, lajeng kadospundi gesang kita punika? Punapa kita sampun nindakaken pitedahipun Gusti Yesus lan kita telakaken ingkang gesang kita kanthi leres lan tumemen? Utawi kita malah bekta bayem kagem Gusti? Sumangga kita bikak paningal, pamireng, saha pikiran rohani kita, serius mirengaken pitedahipun Gusti Yesus, lan nindakaken saha nelakaken kanthi tumemen lan leres ing gesang kita. Paningal kangge ningali katresnanipun Gusti Yesus, pamireng kangge mirengaken kasaenan-kasaenanipun Gusti Yesus, lan pikiran kangge ngolah punapa ingkang sampun kita pirsani lan kita pireng, lajeng kita telakaken ing gesang padintenan kita. Kadospundi cara kita ningali lan mireng? Nggih kanthi maos pangandikanipun, ngibadah, bible, lan mirengaken lagu-lagu rohani. Kadospundi ngolahipun? Kanti kita eningaken manah utawi saat teduh, wekdal kangge kita ngraosaken saha nggegilut, lan madosi langkah praktisipun. Contonipun, samangke kita mirengaken sabda bilih kita putranipun Gusti Yesus dipunparingi pitedah supados nresnani Gusti Yesus. Wonten ing griyo, kita lajeng merenung, utawi saget kaliyan brayat. Piye ya carane nresnani Gusti Allah. Kita lajeng kemutan ing Pangentasan 20 utawi ningali sedasa angger-angger ingkang wonten ingkang buku nyanyian BMGJ punika. O ya…jarene pak pendhita…sing nomer 1-4 ki cara praktis nresnani Gusti Allah, tegese aku ora oleh duwe allah liyane, aku ora oleh nyawiyah, aku ora oleh manembah allah liyane, mung Gusti Yesus sing dak sembah, dudu kuburan, dudu gunung, dudu kali…o yo ngunu to….

Pasamuwan ingkang dipunkasihi Gusti Yesus Kristus, sumangga kita telakaken katresnanipun Gusti wonten ing gesang kita padintenan, kanthi kita nresnani Gusti Yesus lan sesami, mboten mentingaken kauntungan pribadi kados dene cariyos ing kitab Injil Yokanan punika, ingkang namung mentingaken kauntungan pribadi, ngantos nyulap padalemanipun Gusti dados pasar. Kangge conto, menawi wekdal sampun dumugi angka 6.30 utawi 17.30, kita enggal siram lan dandan. Mboten jam 6.45 utawi 17.45 kita nembe siram lan dandan, awit menawi jam 6.45 utawi 17.45 kita nembe siram lan dandan, kula jamin, kita mesthi telat anggenipun ngibadah. Utawi jam dumugi angka 6.30 utawi 17.30 kita taksih tilem utawi taksih sibuk kaliyan kesibukan kita, ngantos kita kesupen wekdal, kamangka wekdal sampun dumugi angka 7.15 utawi 18.15, kita lajeng mutusaken, absen mboten ngibadah. Conto sanesipun, kita para bapak, sampun bosen teng griyo, awit semah kita kadosdene manuk beo, kita lajeng mutusaken kesah dhateng herodes (istilah sanesipun Harlois), kula mireng punika lokalisasi. Sumangga kita telakaken katresnanipun Gusti Yesus kanthi tumemen lan leres, ing gesang padintenan kita, awit Panjenenganipun sampun rumiyen nelakaken katresnanipun dhateng kita sadaya. Gusti mberkahi.





Related Post:

0 komentar:

 
ans!!