TATA PANGIBADAH DINTEN DONGA KITAB SUCI 2013
NGGINAKAKEN TATA PANGIBADAH MINGGU KAPING IV
GEREJA
KRISTEN SULAWESI TENGAH (GKST)
CECAWIS
·
Bel
kapisan : donga konsistori (pradata), lan donga pasamuwan
·
Bel
kapindho ; pamaosing wartos pasamuwan
1.
KIDUNG PAMBUKA
Maj :
pasamuwanipun Gusti Yesus Kristus, sumangga kita sami jumeneng, lan kita sambut
peladosan pangandika dinten punika, kanthi ngrepekaken KPK 37 : 1
2.
VOTUM LAN SALAM
PF : wonten ing asmanipun Sang Rama, Sang
Putra, lan Sang Roh Suci. Amin. Sih Rahmat lan Katrentreman saking Allah Rama
kita lan Gusti Yesus Kristus, wonten ing kita sedaya.
Psm : amin amin amin (571)
3.
NAS PEMBIMBING
: MAZMUR 28 : 7-9 (pasamuwan lenggah)
Kawaos dening lector
Psm : Ngrepekaken KPK 14 : 1,2
4.
PANGAPUNTENING
DOSA (dening Lektor)
Maj : Sumangga kanthi raos panelangsa lan
asoring manah, kita ngakeni dosa-dosa kita wonten ing ngarsaning Gusti. Kita ndedonga
: dhuh Rama ingkang Maha Suci, ingkang kagungan sih piwelas, kawula ngakeni
wonten ing ngarsa Paduka, bilih kawula lepat ing pemanggih, ing celathu lan ing
tindak tanduk kawula, punapa dene kawula dereng saget nindakaken kasaenan
wonten ing gesang kawula
Wekdal ening sawetawis (mboten prelu kawaosaken)
Maj :
sedaya kekirangan kawula para tiyang pitados, kawinatesan iman lan kawula
asring nerak angger-angger Paduka, kawula ngakeni wonten ing ngarsa Paduka
Psm :
Dhuh Gusti, mugi kawula Paduka welasi
Maj :
kawula ngrumaosi kirang sembada anggen kawula dados kagungan Paduka ingkang
sampun Paduka sucekaken, kawula asring kecalan pangajeng-ajeng, kawula asring
mentingaken dhiri kawula, lan ugi wonten pasulayan ingkang mboten saget kawula
selaki, kawula ngakeni wonten ing ngarsa Paduka
Psm :
Dhuh Gusti, mugi kawula Paduka welasi
Maj :
kawula ugi asring kirang sembada anggen kawula dados utusan Paduka wonten ing
jagad punika, kawula mboten setya lan kawula asring nilaraken tugas tanggel
jawab kawula dados seksi Paduka, kawula ngakeni wonten ing ngarsa Paduka
Psm :
Dhuh Gusti, mugi kawula Paduka welasi
Maj :
mugi Paduka paring sih pangaksama lan sih katrentreman dhuh Rama. Mugi Paduka luwari kawula saking
dosa-dosa kawula, lan Paduka ngenggalaken kawula sedaya wonten ing Gusti Yesus
Kristus, Juru Wilujeng kawula.
Psm :
amin
5.
PAWARTOS SIH
RAHMAT (Pasamuwan
jumeneng)
PF : Para sedherek, Rama Allah kita sampun
ngrukunaken jagad punika lumantar dhirinipun piyampak, lumantar Sang Juru
Wilujeng, Gusti Yesus Kristus, kados pangandikanipun : Dadiné Sang Kristus mau rawuh martakaké Injiling katresnan marang wong
kabèh, yakuwi marang kowé, wong dudu Yahudi, sing biyèn padha adoh karo Gusti
Allah, lan marang wong Yahudi, sing cedhak karo Gusti Allah.
Mila saking
punika, sumangga kita sami gesang ing katresnan lan ing pirukun, kanthi tansah
gesang tresna tinresnan, gesang wonten ing Katresnanipun Gusti Yesus Kristus
Pasamuwan sami
tangkep asta lan sami ngaturaken : tentrem rahayu
Psm : Pasamuwan ngrepekaken KPK 165 : 1,3
6.
PISUNGSUNG
PEPUJEN (Menawi Wonten - Pasamuwan
lenggah)
7.
DONGA PAMAOSING
KITAB SUCI
PF : Sumangga kita ndedonga : dhuh Gusti,
mugi Paduka sidhemaken sedaya swanten ing manah kawula, kejawi swanten Roh
Paduka, lan kawula kasagetna mirengaken swanten Paduka wonten ing salebeting
pangandharing Pangandika kawula, ingkang sami badhe kawula waos. Amin
8.
PAMAOSING
KITAB SUCI saking Yosua 1 : 9
Kawaos dening Lektor
Lektor : ….mekaten pangandikanipun Gusti, pinujia
asmanipun Gusti Yesus Kristus, haleluya
Psm : haleluya amin (717571)
9.
RENUNGAN
10.
PISUNGSUNG
PEPUJEN (menawi wonten)
11.
DONGA SAPAAT
12.
PANGAKENING IMAN
RASULI (pasamuwan jumeneng)
13.
PANGUCAPING
SOKUR (pasamuwan lenggah)
Maj : Para sedherek, sumangga kita sami
ngaturaken ucap sokur kita kagem Gusti, kanthi kita ngaturaken pisungsung,
kanthi kita tansah enget pangandikanipun : Sang
Kristus séda kanggo manungsa kabèh, supaya saben wong sing padha urip, uripé
ora lumadi marang awaké dhéwé, nanging lumadia marang Panjenengané kang wis
séda lan wis kawungokaké kanggo kepentingané wong-wong mau.
Psm : Ngrepekaken KPK 186 : 1 -
14.
DONGA PISUNGSUNG
(Pasamuwan jumeneng)
Maj : dhuh Gusti, mugi Paduka karsa nampi
pisungsung sokur kawula punika, kawula umat Kagungan Paduka ingkang sampun
Paduka wilujengaken. Mugi Paduka ribah barang darbe kawula punika dados sarana
rumentahing Sih Rahmat Paduka, inggih padamelaning Asta Paduka, kagem jembaring
Kraton Paduka. Amin
Psm : Pasamuwan Ngrepekaken KPK 187 : 1 (petugas pisungsung wansul wonten ing
panggenanipun)
15.
DONGA RAMA
KAWULA
16.
PANGUTUSAN LAN
BERKAH
PF : sumangga
kita tampi pangutusan lan berkahipun : Gusti Allah sumbering pangajeng-ajeng,
tansah paring Sih katrentreman lan Sih Rahmatipun wonten kapitadosan kita,
supados awit kekiyatanipun Sang Roh Suci, kita tansah kaluberan berkah lan
pangajeng-ajeng.
Psm : amin amin (1234)
17.
KIDUNG PANUTUP
Psm : ngrepekaken KPK 343 : 1
note : tata pangibadah punika kapertal dening Pdt. Yehuda Fajar