The Lion of Jehuda: 2012 Metal Set - Link Select

Kamis, 06 Desember 2012

Gusti Allah wus nresnani kita

Wayangan untuk Ibadah Natal GKJ Wiladeg tahun 2012

TEMA NATAL 2012 : “Gusti Allah wus nresnani kita”

Gareng           : Truk…ngerti ora judule music mau
Petruk            : o…sing sakdurunge pak dalang munggah panggung iki to
Gareng          : ngawur wae…kuwi pak pendhito Truk…pak dalang ki kae, sing daleme sebelah lor gereja Wiladeg iki, asmane ki pak Wilujeng kuwi…
Petruk         : Dalang ning durung populer kuwi to…pak Slamet yo Reng…trus opo Reng judule music mau?
Gareng           : judule ki RAHAYU
Petruk                        : kuwi garwane pak Slamet yo Reng
Gareng           : weh piye to…lah judule ki Rahayu..sing ngripto pak Slamet
Petruk                        : wo…kolusi yo Reng…laporke KPK wae piye…
Gareng           : ora payu Truk…tapi kok yo ora judule ki Dina..ngunu…kan kuwi garwane pak pendhito enom Wiladeg…
Petruk                        : nak Dina ki merk trek je Reng…malah dikiro pak Slamet ngripto trek anyar…
Gareng           : wis wis…malah mbahas sing ora penting
Petruk                        : btw naik bus way….ki awakdhewe ngopo to Reng…
Gareng           : iki kan tanggal 25 Desember to Truk…hayo ono opo
Petruk                        : iki em….ono sego sing diter-terke Reng….
Gareng           : terke nang endi??
Petruk                        : nang pastori…
Gareng           : ngawur wae…saru to Truk…sik..kowe ki lali tenan to…
Petruk                        : he e…opo yo…
Gareng           : iki Natal yo Truk…
Petruk                        : buadala…iyo yo…walah….jan jan…
Gareng           : ngetok2i nak kowe ora tahu ngibadah
Petruk                        : sing penting wis Kristen…
Gareng           : wo…
Petruk                        : yo to Reng…
Gareng           : Yo ora to Truk..
Petruk                        : terus….
Gareng           : dadi wong Kristen ning ora nglakoni yo percuma tak berguna Truk…
Petruk                        : teorimu wae Reng…nyatane aku yo ora mati kok, sing penting wis cetha nang KTP ku…KRESTEN…
Gareng           : Wo halah…sik…ben dijelaske si Bagong….Gong…Gong…

BAGONG MASUK

Bagong           : Woe…opo Reng..
Gareng           : iki jelasna si Petruk…bab dadi wong Kristen
Bagong           : yo..nyuwun dibaptis pak pendhito, KTP dirubah Kristen, wis….
Gareng           : uwiss…..uwis….ngunu tok
Bagong           : yo selebihnya, terserah Anda to….
Gareng           : lah iyo sing selebihnya ki piye
Bagong           : yo ngono kae…
Gareng           : ngono kae piye…
Bagong           : yo….ngono lah
Gareng           : walah…kowe ki podho karo Petruk
Bagong           : lah ngopo to emange
Gareng           : wis…coba kita sowan pak semar yuk….

GARENG, PETRUK, BAGONG ke rumah pak Semar, kebetulan ada pak Pendeta

Gareng           : Kulonuwun…syalom pak Semar
Semar                        : yo…kunu di lenggah sing penak
Petruk                        : dos pundi ajeng lenggah pak Semar..wong kedahipun dipuntancepaken teng debok
Bagong           : wis getok2e ngunu lo…
Semar                        : yo yo…ono opo iki cah
Gareng           : Niki pak Semar…Bagong kaliyan Petruk niki kanyata namung statusipun ingkang Kristen, ning gesangipun dereng Kristen, cobi jenengan ingkang njelasaken
Semar                        : wo..ya kebetulan tak dinyana iki…ana pak pendito uga
Petruk                        : o..niki pak pendhito to…lah sing dalang sinten niki
Bagong           : sing dalang ki kancanae pak pendito Yehuda yo…
Petruk                        : weh sesuk pak Slamet iso kalah ki…
Bagong           : iyo…malah pak Yehuda akeh tanggapan
Gareng           : wis wis…ngopo to kowe ki…mbok  yow is…jarang2 lo…ono dalang ganteng koyo ngunu
Semar                        : cah cah…sing mbuk karepke ki piye…kita kembali ke laptop
Gareng           : ngaten pak Semar, pak Pendhito, Petruk lan Bagong punika dereng cetha bab kekristenan
Semar                        : o…yo yo…cobi pak pendhito mawon ingkang njelasaken, supados langkung cetha
Pendito          : njih…njih…kaleresan, dene ing wulan Desember punika kita sami mengeti dinten miyosipun Gusti Yesus ing jagad punika, kinten2 2000 taun kapengker. Lan ing taun punika kita mengeti kanthi tema “Gusti Allah wus nresnani kita”
Petruk                        : kok pak pendhito saget pirso temanipun
Pendito          : njih dipadosi teng mbah google alias internet to…
Bagong           : wah…gaul pak pendhito iki….
Semar                        : pun lajengken pak pendhito
Pendhito       : njih…tema punika jumbuh kaliyan sabda saking Yokanan 3 : 16….
Petruk                        : Reng..bukaken Alkitab..
Gareng                       : ra duwe…
Bagong           : walah….
Semar                        : yo yo…dak wacake yo…isine “Awit saka gedhéning sih-katresnané Gusti Allah marang jagad, nganti Panjenengané ngurbanaké Putrané ontang-anting, supaya saben wong sing precaya marang Sang Putra mau ora nemu karusakan, nanging ngalamana urip langgeng”
Pendhito       : njih leres punika pak Semar…nah saking Sabda punika, kita saget mangertosi, bilih Awit Katresnanipun Gusti Allah, mila kita wilujeng, inggih awit pangurbananipun Gusti Yesus Kristus, ingkang kanthi sarira lan rahipun mila kita kawilujengaken. Ing Yokanan 14 : 1-3, kaandharaken, Gusti Yesus badhe rawuh malih, methuk kita mlebet wonten swarga, ingkang tegesipun kita umat tetebusanipun mesthi wilujeng, luwar saking paukuman pati. Sariranipun Gusti Yesus nggantos badan wadhag kita ingkang risak punika, rah ngresiki kita saking dosa-dosa. Nah, miyosipun Gusti Yesus ingkang sepisan, kita pengeti ing dinten napa?
Gareng           : hayo opo
Petruk                        : dinten unduh2 pak…
Bagong           : salah Truk..dinten Pentakosta to pak….
Gareng           : suk teu…tur salah…dinten Jumat Adi punika sedanipun, dinten Paskah punika wungunipun Gusti Yesus…njih to pak ndhito
Pendhito       : betul mas Gareng…nah, Gusti Allah ingkang miwiti nresnani kita, samangke, wonten ing dinten Natal punika, kita ugi kaatag awit Gusti sampun nresnani kita, mila kita ugi nresnani Gusti Allah…
Petruk                        : lah…pundi pak Gusti Allah, nak nresnani Genduk Nikul niku gampang, lah blegere wonten
Pendhito       : Gusti Allah niku wonten ing ngaluhur mas….ing papan ingkang mboten saget kita dugi, ingkang saget kita gambaraken kadosdene kraton, ingkang asebat punika kraton swarga
Bagong           : dados wonten ing mrika, ingkang papanipun mboten saget kita dugi kanthi pikiran kamanungsan kita
Pendhito       : leres mas….
Petruk                        : lajeng kadospundi caranipun anggen kita nresnani Gusti Allah pak?
Bagong           : lah njih…angel pak…nresnani lady cempluk mawon, kala2 nggih isih sami tukaran…
Pendhito       : mas Gareng enget..punapa ingkang dipun dhawuhaken Gusti Yesus Kristus?
Gareng           : njih pak pendhito…kadosipun wonten ing Mateus 22 : 37-40
Semar                        : kene-kene…tak wacane,…” Kowé tresnaa marang Allahmu klawan gumolonging atimu, gumolonging nyawamu lan gumolonging budimu. Ya kuwi angger-angger sing gedhé lan sing luhur dhéwé! Déné angger-angger sing kaping pindho, sing padha wigatiné karo sing dhisik mau, yakuwi: Kowé tresnaa marang sapepadhamu, kaya enggonmu nresnani marang awakmu dhéwé”
Pendhito       : matur nuwun pak Semar
Petruk                        : gek dos pundi pak Ndito..nresnani Gusti Allah kanthi gumoloning ati, nyawa lan budi punika?
Pendhito       : mas Gareng enget malih, sedoso angger2…
Gareng           : nggih nggih pak…
Pendhito       : cobi…angger kaping setunggal dumugi sekawan, namun intinipun kemawon
Gareng           : setunggal, Jangan ada padamu allah lain dihadapanku, kalih, Jangan membuat patung atau yang serupa, tiga, jangan menyebut nama Allahmu dengan sembarangan, keempat, ingat dan kuduskanlah hari sabat
Petruk                        : weh pinter tenan kowe Reng
Gareng           : ra koyo kowe…katekisasi wae kerep mbolos, alesane ngeterke ibuk nang pasar, kamangka mung turu nang omah
Semar                        : wis wis…pak pendhito..penjelasanipun dos pundi?
Pendhito       : njih…kaping sepisan, cara anggen kita nresnani Gusti Allah, kanthi kita tidak menduakan Tuhan
Petruk                        : menduakan Tuhan niku, dos pundi to pak?
Pendhito       : mas Petruk kagungan pacar
Petruk                        : cah enom ki mesthi gadhah to pak…jenengan kemawon kagungan garwa ayu ngaten nok…
Bagong           : genduk nikul naminipun pak
Pendhito       : nah…menawi jenengan diajak genduk nikul teng pindul dinten minggu, kamangka jam ibadah namung jam 9 enjang, ,kinten2 jenengan milih ingkang pundi?
Petruk                        : wah pilihan berat pak….nggih paling2 teng pindul, dinten minggu ngajeng tak ngrapel teng grejo Wiladeg, terus sontenipun teng Wonosari
Pendhito       : nggih mboten ngaten…niku tegese, jenengan sampun menduakan Tuhan…posisi Tuhan sampun jenengan gantos si genduk nikul
Petruk                        : lah nak Bagong niku, nak dinten minggu pahing malah teng pasar karangmojo, adol sapinipun, dospundi niku pak?
Pendhito       : niku njih sami…menduakan Tuhan karena uang/harta…pancen uang punika penting, ning napa teng pasar diatas jam 11 mboten saget, utawi pasar pahing napa inggih dinten minggu tok?
Bagong           : walah…jebul salah to….
Gareng           : langkung cetha sakniki…gek lajenge pak..penjelasan nomor 2
Pendhito       : njih…kaping kalih, jangan membuat patung dan sebagainya njih, intinipun menduakan Tuhan dengan cara duniawi
Petruk                        : pripun to pak…mumet kula
Bagong           : pak Wasidi…nyuwun obat kangge Petruk
Gareng           : hus…rungokno pak pendhito
Pendhito       : njih…gampilipun ngaten. Mas Petruk ngersakaken dados sugih mboten?
Petruk                        : lah ya tentu…
Pendhito       : kinten2, menawi wonten cara ingkang instan, jenengan milih pundi?
Petruk                        : instan dos pundi pak?
Pendhito       : njih instan…cepet
Petruk                        : nggih cepet no…kados jalan tol, jalur bebas hambatan tur cepet
Bagong           : cara sugih ingkang instan niku dospundi to pak…
Pendhito       : nah contonipun, supados cepet sugih, lajeng semedi teng ngandhap wit gedhe, utawi teng makam, utawi teng redi
Petruk                        : o kados dene teng Gunung Kemungkus niku to
Bagong           : mesthi kowe tau mrono
Petruk                        : jelas pak Yehuda sing mrono, wong asale ki saka Purwodadi
Gareng           : ngawur wae…pak Yehuda ki wong alim yo…ora sembarangan
Semar                        : wis wis…pun lajengken pak
Pendhito       : nah cara-cara instan punika, ateges kita sampun menduakan Tuhan
Petruk                        : oo…ngaten…
Gareng           : cetha to Truk….
Petruk                        : lah umpami, kula kecalan duit pak…100 yuto…lajeng kulo sowan teng wong pinter…dospundi pak?
Pendhito       : nggih saget kalebet ing golongan angger-angger kaping kalih niki
Semar                        : pun lajengaken pak pendhito, ingkang angka tiga
Pendhito       : angka tiga, jangan menyebut nama Allahmu dengan sembarangan
Petruk                        : niki cethanipun dospundi pak?
Pendhito       : asmanipun Gusti sampun ngantos dados barang dolanan mas
Bagong           : dos pundi to pak?
Pendhito       : gampilipun ngaten mas Bagong. Mas Bagong Kristen nggih.
Bagong           : la iyalah pak..masak iya ya dong…duren aja dibelah, bukan digendong
Pendhito       : kinten2, menawi wonten ingkang ngajak panjenengan nilaraken Kristen, jenengan dospundi?
Bagong           : wah…mboten pak…sampun ngantos lah
Pendhito       : wonten tigang perkawis ing gesang kita : bandha, jabatan/drajat/pangkat, lan saget pun sebat perkawis hubungan pria lan wanita
Petruk                        : lah nak kados wingi nika. Bagong badhe dipunparingi jabatan utawi gawean ingkang mapan, ning kedah mbalik
Bagong           : mbalik, emange aku iki attlet po
Petruk                        : yo kuwi lah Gong…
Pendhito       : njih menika saget pun sebat, menyebut nama Allah dengan semabarangan, awit asmanipun Gusti Allah kita dadosaken dolanan
Bagong           : sami kaliyan Petruk ingkang badhe nampi mobil mewah, nanging ugi kedah niku wau nggih
Pendhito       : leres
Gareng           : jok lali Gong….Lady Cemplukmu…ati2….
Bagong           : iyo iyo….
Pendhito       : kedah pun enget, wonten ing Lukas 12 : 10, Gusti Yesus ngendika, dosa ingkang mboten badhe kaapunten, nggih punika dosa ingkang menghujat Roh Kudus, njih sami kaliyan angger2 kaping tiga punika
Petruk                        : wah jebul yo..kudu dijaga tenan ki…ora oleh pengampunan je….
Bagong           : iyo Truk….
Semar                        : pun lajengken ingkang angka sekawan pak..selak wekdalipun dalang telas
Pendhito       : nggih, panitia maringi wekdal namung 20 menit punika….njih kaping sekawan, ingat dan kuduskanlah hari sabat, dinten sabat punika saget kita gantos dinten minggu, awit sabat punika yektosipun dinten sabtu menawi kalender masehi, mboten perkawis name dintenipun, ananging, arti kata sabat punika. Sabat punika tegesipun “berhenti”. Gusti Allah nitahaken jagat lan sakisinipun punika, lajeng istirahat, lan dipun sebat punika sabat. Kamangka, ing kapitadosan kita, Gusti Yesus wungu ing dinten minggu, tigang dinten saksampunipun seda ing Jumat Adi. Mila dinten minggu dados dinten sabat kita, awit gesang kita saking dosa sampun berhenti, dipunkawonaken Gusti Yesus lumantar wungunipun. Nah, ing angger2 kaping sekawan punika, kita kedah enget lan nyucekaken dinten sabat, inggih dinten minggu.
Petruk                        : enget lan nyucekaken niku dospundi pak
Pendhito       : enget njih tegesipun sampun ngantos kesupen. Aktivitas kita kedah mandheg, kita mijikaken wekdal kagem ngabekti
Petruk                        : napa kedah mandheg 24 jam?
Pendhito       : mboten kados adat Yahudi, nanging anggen kita enget lan mijikaken wekdal punika, namung ing jam ibadah kemawon. Contonipun, GKJ Wiladeg punika jam ibadah jam 7 enjang lan 6 sonten, nah kita mijikaken wekdal jam 7 enjang utawi jam 6 sonten, dados mboten wonten alesan, kita mboten saget ngibadah awit wonten aktifitas
Bagong           : lajeng ingkang dipun enget lan dipunsucekaken
Pendhito       : nggih jam ibadah punika, paling2 namung sekitaran 1,5 jam kemawon
Petruk                        : oo…ngaten…
Pendhito       : mboten cekap mekaten lo…
Bagong           : maksude pak?
Pendhito       : nyucekaken dinten sabat punika, tegesipun, kita serius mijikaken wekdal lan nyawisaken dhiri
Petruk                        : puun jelasaken pak
Pendhito       : conto, menawi kita miji jam 6 sonten, dados, kita mboten saget kok rawuh ing pangibadah jam 6.15, lajeng konduripun sakderengipun ibadah rampung, niku sing pertama, kaping kalihipun, ing pangibadah punika rak wonten pisungsung
Gareng           : atur panuwun awit berkahipun Gusti to pak
Pendhito       : leres mas Gareng…nah, anggen kita pisungsung, nggih kedah pun cawisaken kanthi serius
Bagong           : maksudipun pak
Pendhito       : njih menawi badhe pisungsung, nggih kedah nyatra ingkang sae, mboten cuil…lan kedah jujur lan eklas
Petruk                        :  jujur lan eklas?
Pendhito       : njih…jujur, menawi sejatosipun kita saget pisungsung 5 ewu contonipun, nggih kita jujur, sampun ngantos dikurangi, mosok kita saget nonton kethek ingkang tiketipun 40rb, pisungsung kok nggih gambar kethek….
Bagong           : wo ,….nggih nggih…rungokno kuwi Truk….
Petruk                        : aku ki mesthi gambar…pak Karno kok….
Bagong           : mosok
Petruk                        : iyo no…ning kuwi kanggo setahun….
Semar                        : lajeng eklas maksudipun dospundi pak
Pendhito       : eklas…nggih kanthi rila, mboten grundel
Petruk                        : wah dadi padhang saiki
Semar                        : pun rampungaken rumiyen pak ndhito, langkung saking 20 menit, mboten dados napa kok
Pendhito       : njih…punika wau cara anggen kita nresnani Gusti Allah njih, lajeng cara anggen kita nresnani sesami, sepisan, kanthi kita nresnani tiyang sepuh kita. Mboten namung tiyang sepuh ingkang ngairaken kita kemawon, nanging ugi saget tiyang ingkang kita sebat nyepuhi gesang kita, kadosta pradhata, pak dukuh, lsp.
Petruk                        : kuwi Gong…rungokno pak pendhito….nak nang omah ojo mung turu wae..bapa biyungmu ki yo diewangi, rak ketong isah2..nyapu…njih to pak ndhito
Pendhito       : njih, saget
Bagong           : kowe ki yo Truk…dieleke pak penatua kon mangkat PA wae, ono wae alasane…njih to pak ndhito?
Pendhito       : njih, saget
Semar                        : lajeng kaping enemipun, ingkang jangan membunuh
Petruk                        : cetha pak..kula mboten badhe wonten penginan mejahi
Pendhito       : punika mejahi satata jasmani to? Lajeng dos pundi satata rohani/jiwanipun
Petruk                        : maksudipun
Pendhito       : menawi mas Petruk dipun unek2aken tiyang, ingkang swantenipun punika dadosaken panjenengan nangis, dos pundi jenengan?
Petruk                        : ya hancur pak hati saya
Pendhito       : tegesipun tiyang punika sampun mejahi panjenengan
Bagong           : mejahi satata jiwa/sukma to pak…..rak intinipun lumantar tembung utawi satata verbal punika, tutug punika, kita saget mejahi tiyang sanes pak
Pendhito       : leres mas…
Semar                        : pun lanjengaken pak
Pendhito       : njih….angka pitu, inggih punika laku bedhang/jinah. Wonten kalih perkawis. Ingkang sepisan, ingkang wonten hubunganipun kaliyan Gusti Allah, sami penjelasanipun kaliyan ingkang angka 1 dumugi sekawan kala wau. Kalih, ingkang wonten hubunganipun kaliyan manungsa, intinipun, kita tansah njagi kasucening badan kita punika saking perkawis seks.
Petruk                        : dospundi to pak
Pendhito       : ngaten. Pak Yehuda niku rak mpun emah2. Gek garwanipun nyambut damel teng wates. Sebagai lelaki dan manusia biasa, mboten selak, pak Yehuda mesthi yo duwe rasa kepengen.
Petruk                        : kepengen nopo pak
Pendhito       : wah niku rahasia….nah dilalahipun, wonten pawestri ingkang ayu, gek nyelaki pak Yehuda, awalipun, namung sebatas lirik2an, mesam mesem, lah niki pun jinah satata hati, utawi perselingkuhan hati, lama kelamaan bisa perselingkuhan tubuh
Bagong           : mula dongane pak Yehuda kuat…gek ndang dino setu…gek ndang dino setu….
Petruk                        : ngopo kudu setu, mben dino yo iso, mung 1,5 jam wae…
Pendhito       : intinipun, perselingkuhan tubuh diawali dari perselingkuhan hati, mila perkawis brayat kados napa kemawon, sae ekononi, sosial, lsp, kita kedah ngatos2, tetep kedah njagi kasucening brayat, kanthi nebehi tumindak jina. Ingkang angel pancen njagi dhiri saking perselingkuhan hati punika
Petruk                        : ngaten pak…niku rak kangge sing mpun emah2…lah sing dereng
Pendhito       : nggih sampun ngantos dhumawah ing dosa, awit melakukan hubungan suami istri yang bukan pasangan resminya
Bagong           : kuwi Truk…ojok sok nang Sarkem….
Petruk                        : sori yo…ora Gong….
Pendhito       : sanesipun, ingkang taksih nem2 niki, hayo sinten ingkang asring nonton sing saru-saru?
Petruk                        : kula asring pak…wong teng griyo wonten sapi, muluh, putih….sip wis…
Gareng           : hus…maksude pak pendhito ki gambar utawa video porno…nggih to pak
Pendhito       : leres mas…niku nggih kalabet hukum ke tujuh, awit gambar utawi video porno punika, saget njluntrungaken kita dhumawah ing dosa seks….
Petruk                        : wah…kudu dibuwang ki…
Gareng           : wis…kuwi ora apik Truk…ora ono gunane…..gek kuwe Gong…nak pacaran ojo nang gon peteng utawa sepi….
Bagong           : ngopo Reng
Gareng           : setan e akeh…nggih to pak
Pendhito       : leres mas…nak setane mlebu…wah….berabe deh….
Semar                        : saklajengipun pak ndhito, durasi pak…durasi
Pendhito       : nggih…kaping wolu, ojo nyenyolong….nggih cetho nggih, nak nyolong ki ora apik
Petruk                        : Hem….berarti Gendhuk Nikul ora apik
Gareng           : kok iso Truk…opo maling
Patruk                        : iyo…dia mencuri hatiku
Bagong           : walah…ora ngunu Truk..contone..nak awakdhewe ki arep tuku buku, regane jane mung 5 ewu…gek awakdhewe matur 10 ewu…kuwi termasuk mencuri Truk…nggih to pak ndhito?
Pendhito       : leres…punika pun sebat korupsi….
Semar                        : lajengken pak
Pendhito       : kaping sanga, jangan bersaksi dusta….kula kinten cetho nggih…menawi ngapusi punika mboten sae…membalikkan fakta kebenaran
Petruk                        : njih leres pak ndhito…
Semar                        : pungkasan pak,
Pendhito       : pungkasan, aja meri/melik, utawi iri, nak tanggane duwe sepeda motor apik utawa kancanipun sami nunggang motor sing anyar2, sampun ngantos kita punika lajeng iri
Petruk                        : la kenging napa pak
Pendhito       : awit menawi kita iri, kita lajeng nindaaken bab ingkang awon, supados kita saget nggayuh ingkang kita pengini, kanthi nyolong, jambret, lan sanes2ipun
Petruk                        : oo….nggih nggih
Pendhito       : mila, nrima punika falsafah jawa ingkang penting sanget
Gareng           : nrima kawontenan brayat kita, nrima kawontenan tiyang sepuh kita, nggih to pak
Pendhito       : betul sekali
Semar                        : nah, saiki wis cetha to…maka di peringatan Natal kali ini, kita diajak untuk mengasihi Tuhan Allah, dengan cara yang tadi sudah di haturkan pak pendeta. Nak saiki wis do krungu, ojo mung krungu kok, awit iman tanpa perbuatan adalah sejatinya mati, pangandikanipun Gusti kudu mok lakoni cah…
Bagong           : nggih pak Semar
Petruk                        : tahun 2013 sesuk, aku dhewe kudu berubah, dimulai dari niat diriku sendiri, sing taun 2012 aku jarang nang grejo, taun 2013 ora entuk bolong
Pendhito       : semangat yang bagus mas….
Bagong           : yo senadyan angel, awit kadonyan lebih nikmat, ning ngudi kratoning swarga ki langkung wigatos, nggih to pak
Pendhito       : betul…ning ingkang penting, kita nindakaken dhawuhipun Gusti punika, kanthi eklas lan tanpa paksaan lo
Gareng           : dados mboten namung Kristen KTP to pak
Pendhito       : lah ya pasti
Semar                        : awit durasinipun sampun telas pak ndhito, nak kedangon mangke jenengan mboten dados pendhito ning dados dalang kondang…nggo dirampungke…gek jenengan gongi pak ndhito
Pendhito       : njih….nggih mangga, wonten ing pengetan Natal 2012 punika, Awit Gusti Allah sampun nresnani kita, kita sinau lan nggadhahi krenteg, nresnani Gusti Allah, kita ribah cara gesang lami kita, kanthi nilaraken cara gesang ingkang awon ing taun 2012. Gusti Allah wus nresnani kita, sampun ngantos kita nguciwakaken Gusti Allah ingkang sampun nresnani kita, manungsa dosa.
Petruk                        : matur nuwun pak ndhito, arahaan panjenengan cespleng tenan
Gareng           : ora rugi, re belajar saka pak Slamet cah…re dadi dalang
Bagong           : wis yo…saiki muleh…gek ayo, kita berubah
Petruk                        : nresnani Gusti Allah
Pendhito       : Sugeng Natal bapak ibu sedaya, mugi lantaran pengetan miyosipun Gusti Yesus ing dinten Natal punika, dadosaken krenteg anggen kita ngaosi miyosipun Gusti Yesus ingkang sampun nresnani gesang kita sedaya….lan sugeng mapag warsa enggal 2013, lestantuno berkahipun Gusti Yesus ing taun 2013, tansah jumaga lan siyaga, Gusti Yesus badhe rawuh malih kaping kalih, mboten badhe ngukum lan ngadili dhateng kita ingkang nresnani Panjenenganipun, ananging badhe methuk, lan kembul ing bujana swarga. Gusti mberkahi

6 Desember 2012
Pdt. Yehuda Fajar K.L

ans!!