The Lion of Jehuda: Bahan Kotbah 18 Maret 2012 Metal Set - Link Select

Rabu, 21 Maret 2012

Bahan Kotbah 18 Maret 2012



Kawula Ningali Kamulyanipun Salib

Waosan Yokanan 3 : 14-21

Bapak ibu lan para sedherek ingkang dipun tresnani Gusti Yesus Kristus,

Rikala kula taksih alit, kula nggadhahi pangertosan bilih Kitab Suci utawi kalung salib punika nggadhahi daya kekiyatan spiritual ingkang langkung. Punika awit imajinasi kula saking film anak-anak, kadosta Superman. Bapak ibu pirsa punapa ingkang dadosaken mas Man punika dados super? Punika awit mas Man senengipun ndhelikaken busana kekiyatinipun. Dados menawi badhe dados super, kedah bikak busana kekiyatanipun. Mbalik dhateng kalung salib lan kitab suci, kula pitados kalung salib utawi kitab suci nggadhahi daya magic. Mila rikala kula kewedhen awit wonten maling, kula lajeng nuduhaken Kitab Suci lan matur “Maling lungaa….maling lungaa….”. Ugi nate wonten film horror, ingkang nyariosaken satuggaling vampire, makluk halus. Wonten pandhita ingkang gadhahi kalung salib ingkang ageng. Vampire punika lajeng nyelaki pandhita punika, lan nuduhaken kalung salib ingkang ageng punika, lan matur “setan lungaa…..setan lungaa….”. Kinten2 setanipun kesah mboten? Njih mboten, awit pandhita punika namung ngandelaken salib, mboten ngandelaken iman pitadosipun dhateng Gusti Yesus. Mila setan punika lajeng matur “ora wedi….ora wedi…..”. Kalung salib, kitab suci, utawi benda karohanen sanesipun panci mboten wonten daya kekiyatanipun, alias punika sanes jimat. Ananging kalung salib, kitab suci, lan benda karohanen sanesipun, dipunagem Gusti Yesus dados sarana maringi kekiyatan dhateng kita, rikala kita mbetahaken daya kekiyatan sacara spiritual. Contonipun, kita nembe kesisahan. Wonten kalung salib ingkang cumenthel ing gulu kita. Kita lajeng ngambungi salib punika, lajeng kemutan kaliyan Gusti Yesus ingkang sampun nandhang sangsara awit salib punika. Nah, kita lajeng saget ngraosaken daya kekiyatan ingkang dipunparingaken Gusti Yesus, lumantar salib punika. Dados mboten salibipun ingkang maringi daya kekiyatan, nanging tetep Gusti Yesus ingkang dados sumber kekiyaatan ngagem sarana.

Bapak ibu lan para sedherek ingkang dipun tresnani Gusti Yesus Kristus,

Rikala bangsa Israel medal saking tanah Mesir, punika dipunoyak-oyak tentara Mesir ngantos ing pinggir segara Teberau. Musa ngginakaken tongkat sawer utawi ularipun, kangge nindakaken mukjijat. Punika mboten awit tongkatipun Musa, nanging awit Gusti Allah makarya nindakaken mukjijat lumantar tongkatipun Musa. Pangandika wonten ing ayat 14 nedahaken bilih namung pakaryanipun Gusti Allah ingkang patut kamulyakaken, ingkang makarya lumantar tongkatipun Musa. Wonten ing Pangandika Yokanan 3 punika, pirembagan antawisipun Nikodemus kaliyan Gusti Yesus. Wonten pitakenan ingkang lebet sanget saing Nikodemus sang gurunipun kaum Israel. Kadospundi caranipun Gusti Yesus saget nindakaken mukjijat. Utawi ing bahasa prasaja, kadospundi caranipun Gusti Yesus saget nindakaken pakaryan ingkang mulya punika. Gusti Yesus paring wangsulan ingkang cekak aos, “kalairaken malih”. Kalairaken malih mboten sacara tata kajasmanen, ananging tata karohanen. Kaliaraken awit roh. Kenging punapa saget kalairaken malih? Inggih punika awit pakaryanipun Gusti Yesus, ingkang milujengaken gesang kita. Dados, awit Gusti Yesus Kristus, kita kalairaken malih. Gesang kita dados lantaran kamulyanipun Gusti Yesus, ingkang sampun milujengaken sarana seda sinalib lan wungu. Awit salibipun Gusti Yesus, utawi awit kasangsaran ingkang dipun lampahi Gusti Yesus, kita wilujeng. Punika ingkang badhe dipunandharaken Gusti Yesus dhateng Nikodemus.

Bapak ibu lan para sedherek ingkang dipun tresnani Gusti Yesus Kristus,

Samangke minggu kasangsaran kaping sekawan. Sumangga kita tingali kamulyanipun Gusti Yesus saking barang darbe ingkang saget dadosaken kita enget kaliyan Gusti Yesus. Supados kita tansah gesang katuntun Roh, awit kita sampun kaliaraken kalawan roh. Menawi kita nggadhahi Salib, nggadhahi Kitab Suci, nggadhahi barang darbe sanesipun, punika dados sarana anggen kita ngenget Gusti Yesus ingkang sampun nglampahi sangsara, kangge nebus dosa kita. Kita ningali kamulyanipun Salib, inggih punika kamulyanipun Gusti Yesus ingkang sampun nebus lan mbirat dosa-dosa kita. Punapa barang darbe ingkang kita gadhahi, ingkang saget ngengetaken kita dhateng Gusti Yesus Kristus? Gusti Yesus mberkahi. amin


Related Post:

0 komentar:

 
ans!!