The Lion of Jehuda: Kotbah 19 Februari 2012 Metal Set - Link Select

Rabu, 15 Februari 2012

Kotbah 19 Februari 2012


SINTEN INGKANG KITA MULYAKAKEN?
(Pengetan ambal warsa sinode GKJ kaping 81)

Waosan Markus 9 : 2-13

Para sedherek ingkang dipunkasihi Gusti Yesus Kristus, mbok bilih kita enget tembang punika : Selamat ulang tahun dan bahagia, selamat ulang tahun, kita kan doakan, selama ulang tahun, sehat sentosa, selamat ulang tahun dan bahagia….wonten kelajenganipun…panjang umurnya, panjang umurnya, panjang umurnya sertia mulia, serta mulia, serta mulia….menawi pun pertal ing basa jawi….panjang yuswane, panjang yuswane, panjang yuswane tansah mulyakno, tansah mulyano, tansah mulyakno…..sinten ingkang dereng nate ber-ulang tahun…njih mbok bilih jamanipun kula panjenangan mboten menangi peringatan hari ulang tahun, kadosdene jamanipun anak-anak kita samangke. Dinten punika, pasamuwan ingkang kalebet wonten ing gelengan sinode GKJ, sami mengeti ambal warsa madegipun sinode GKJ kaping 81 taun, ingkang sejatosipun dhawah ing tanggal 17 Februari kala wingi. Satata kamanungsan, punika yuswa ingkang sampun sepuh. Ngengeti bab ambal warsanipun sinode GKJ punika, cobi kita tingali tembang tanggap warsa kala wau. Panjang umurnya, njih pancen yuswanipun sinode GKJ sampun panjang sanget, ngantos yuswa 81 taun. Kalajengaken, serta mulia….nah punika, kamulyakaken bab punika ing yuswanipun sinode GKJ samangke? Menawi kangge lare-lare ingkang sami ulang taun-nan, punika kamulyakaken bab lare punika supados dados “tiyang”, utawi leresipun orang yang menjadi…saget dados pegawe, dados pengusaha, dados guru….artosipun lare punika gesangipun mangajeng kebak ing kasaenan, nglangkungi gesangipun tiyang sepuhipun. Punika ulang taun-nanipun lare-lare. Lajeng perkawis ambal warsanipun sinode GKJ, kamulyakaken bab punapa?

Para sedherek ingkang dipunkasihi Gusti Yesus Kristus, sumangga kita sinau saking pangandikanipun Gusti, ing waosan Injil Markus kala wau. Mliginipun, kita badhe sinau saking muridipun Gusti Yesus, Petrus. Rikala Gusti Yesus dipunrawuhi nabi Musa lan nabi Elia, kados-kados Petrus gumun (takjub), ngantos kesupen bab ingkang wigatos. Mila ing ayat 5, Petrus lajeng munjuk dhateng Gusti Yesus, badhe ndamelaken kemah kagem Gusti Yesus, Nabi Musa, lan Nabi Elia. Kamangka, punika mboten perkawis ingkang wigatos utawi penting. Senadyanta menawi kita raosaken, mboten wonten lepatipun ndamelaken kemah kagem Gusti Yesus, nabi Musa lan nabi Elia punika, supados mboten sami kasrepen awit punika wayah ndalu. Leres satata kamanungsan utawi miturut pikajengipun Petrus sacara kamanungsan, ning lepat miturut pemanggihipun Gusti. Awit ingkang dipunaturaken Petrus, awit saking gumunipun Petrus, mila aturipun radi mengacau, cobi kita tingali ing ayat 6. Mila saking hanginggil, Gusti Allah ngendika :” Iki putra kang Dakkasihi, padha manuta saprentahe”. Nah, punapa anggenipun Petrus badhe damelaken kemah punika awit prentahipun utawi dhawuhipun Gusti Yesus? Rak njih mboten. Mila lepat miturut pikajengipun Petrus, satata kamanungsan. Punika para sedherek, kadangkala kita kawiyuraken utawi focus gesang kita teralihkan awit pikajeng kita piyambak, mila mboten nggatosaken punapa dhawuhipun Gusti Yesus. Sejatosipun, rikala Petrus ing kawontenan gumun/takjub punika, awit mirsani perkawis ingkang adi ing dhirinipun Gusti Yesus, Petrus lajeng mulyakaken utawi memuji, kepara nyembah Gusti, mboten malah nindakaken pikajengipun piyambak.

Para sedherek ingkang dipunkasihi Gusti Yesus Kristus, wangsul dhateng pengetan ambal warsa sinode GKJ, kamulyakaken bab punapa? Ing pengetan punika, kita mulyakaken Gusti Yesus, ingkang sampun ndadosaken sinode GKJ saget tuwuh subur ngantos ing titi wanci punika, ngantos saget nuwuhaken greja-greja diwasa ngantos kirang langkung 300 greja, ingkang tegesipun pekabaran Injil ing pulau Jawa punika saget katindakaken kanthi sae. Sampun ngantos, kawigatosan kita kawiyuraken awit perkawis ambal warsa samangke, tetep focus kita dhateng Gusti Yesus, mboten gebyaring perhelatan hari raya ulang taun. Mila awit focus dhateng Gusti Yesus, kita kedah ngraketaken patunggilan, ing pasamuwan kita punika, GKJ Wiladeg, ing klasis kita, klasis Gunungkidul, minggahipun ing sinode GKJ. Punika dados momentum utawi pengetan kangge kita merekatkan persaudaran dan media mengikatkan jemaat, sangsaya raket rumaket. Kita wiwiti saking pasamuwan kita punika GKJ Wiladeg. rasul Paulus ngengetaken, supados tunggal pasamuwan utawi tunggal kapitadosan, inggih punika Kristen, kedah saling mengingatkan dan saling menolong (Galati 6 : 1-10). Menawi wonten ingkang dhawah enggal dipuntulungi, mboten prelu dipun gosipaken, menawi wonten ingkang radi kendho, dipunengetaken, cekap dipunengetaken kemawon, mboten prelu dipun sindhir utawi dipun dukani, menawi wonten ingkang damel lepat, enggal dipun sukani kaleresan, mboten prelu dipun elek-elek.

Para sedherek ingkang dipunkasihi Gusti Yesus Kristus. mekatena ugi wonten ing gesang padintenan kita. Tata kamanungsan kita, sampun ngantos merubah focus gesang kita dhateng Gusti Yesus Kristus, kepara malah ngandhelaken kekiyatan saha kapinteran kita piyambak. Cobi, samangke panen sami sae-sae, sinten ingkang ndamel panenan kita punika sae, temtunipun Gusti, mila sampun ngantos kawiyuraken, lajeng kita nggunggung dhiri. Menawi dinten minggu, kita sengker dados dinten suci kangge kita ngibadah, mboten kawiyuraken awit dinten minggu kaleres dinten pasaran pahing utawi wage. Menawi wekdalipun bible, mboten kawiyuraken awit jawah utawi sinetron. Iblis anggenipun membelokkan focus gesang kita punika pinter sanget, mila kita kedah terus celak kaliyan Gusti Yesus, awit iblis punika kadosdene asu ajag ingkang siap siyaga badhe memangsa kita para menda-medanipun Gusti Yesus.

Para sedherek ingkang dipunkasihi Gusti Yesus Kristus, sumangga kita tansah gesang rumaket kaliyan Gusti Yesus, sampun ngantos kita kawiyuraken awit perkawis kadonyan. Kita ugi ngraketaken anggen kita masamuwan ing GKJ Wiladeg, anggen kita masawuan ing satengahing klasis Gunungkidul, ing satengahing sinode GKJ. Sugeng dinten minggu, sugeng ngraosaken berkahipun Gusti Yesus, lan ngaturaken sugeng ambal warsa sinode GKJ kaping 81, kagem kita sedaya. Gusti mberkahi. Amin


Related Post:

0 komentar:

 
ans!!