The Lion of Jehuda: TATA PANGIBADAH DINTEN DONGA KITAB SUCI LAI 2013 Metal Set - Link Select

Kamis, 05 September 2013

TATA PANGIBADAH DINTEN DONGA KITAB SUCI LAI 2013


TATA PANGIBADAH DINTEN DONGA KITAB SUCI 2013
NGGINAKAKEN TATA PANGIBADAH MINGGU KAPING IV
 GEREJA KRISTEN SULAWESI TENGAH (GKST)


CECAWIS
·         Bel kapisan : donga konsistori (pradata), lan donga pasamuwan
·         Bel kapindho ; pamaosing wartos pasamuwan

1.       KIDUNG PAMBUKA
Maj : pasamuwanipun Gusti Yesus Kristus, sumangga kita sami jumeneng, lan kita sambut peladosan pangandika dinten punika, kanthi ngrepekaken KPK 37 : 1

2.       VOTUM LAN SALAM
PF        : wonten ing asmanipun Sang Rama, Sang Putra, lan Sang Roh Suci. Amin. Sih Rahmat lan Katrentreman saking Allah Rama kita lan Gusti Yesus Kristus, wonten ing kita sedaya.
Psm     : amin amin amin (571)

3.       NAS PEMBIMBING : MAZMUR 28 : 7-9   (pasamuwan lenggah)
Kawaos dening lector
Psm     : Ngrepekaken KPK 14 : 1,2

4.       PANGAPUNTENING DOSA (dening Lektor)
Maj       : Sumangga kanthi raos panelangsa lan asoring manah, kita ngakeni dosa-dosa kita wonten ing ngarsaning Gusti. Kita ndedonga : dhuh Rama ingkang Maha Suci, ingkang kagungan sih piwelas, kawula ngakeni wonten ing ngarsa Paduka, bilih kawula lepat ing pemanggih, ing celathu lan ing tindak tanduk kawula, punapa dene kawula dereng saget nindakaken kasaenan wonten ing gesang kawula

Wekdal ening sawetawis (mboten prelu kawaosaken)

Maj       : sedaya kekirangan kawula para tiyang pitados, kawinatesan iman lan kawula asring nerak angger-angger Paduka, kawula ngakeni wonten ing ngarsa Paduka
Psm     : Dhuh Gusti, mugi kawula Paduka welasi
Maj       : kawula ngrumaosi kirang sembada anggen kawula dados kagungan Paduka ingkang sampun Paduka sucekaken, kawula asring kecalan pangajeng-ajeng, kawula asring mentingaken dhiri kawula, lan ugi wonten pasulayan ingkang mboten saget kawula selaki, kawula ngakeni wonten ing ngarsa Paduka
Psm     : Dhuh Gusti, mugi kawula Paduka welasi
Maj       : kawula ugi asring kirang sembada anggen kawula dados utusan Paduka wonten ing jagad punika, kawula mboten setya lan kawula asring nilaraken tugas tanggel jawab kawula dados seksi Paduka, kawula ngakeni wonten ing ngarsa Paduka
Psm     : Dhuh Gusti, mugi kawula Paduka welasi
Maj       : mugi Paduka paring sih pangaksama lan sih katrentreman  dhuh Rama. Mugi Paduka luwari kawula saking dosa-dosa kawula, lan Paduka ngenggalaken kawula sedaya wonten ing Gusti Yesus Kristus, Juru Wilujeng kawula.
Psm     : amin

5.       PAWARTOS SIH RAHMAT                  (Pasamuwan jumeneng)
PF        : Para sedherek, Rama Allah kita sampun ngrukunaken jagad punika lumantar dhirinipun piyampak, lumantar Sang Juru Wilujeng, Gusti Yesus Kristus, kados pangandikanipun : Dadiné Sang Kristus mau rawuh martakaké Injiling katresnan marang wong kabèh, yakuwi marang kowé, wong dudu Yahudi, sing biyèn padha adoh karo Gusti Allah, lan marang wong Yahudi, sing cedhak karo Gusti Allah.
Mila saking punika, sumangga kita sami gesang ing katresnan lan ing pirukun, kanthi tansah gesang tresna tinresnan, gesang wonten ing Katresnanipun Gusti Yesus Kristus

Pasamuwan sami tangkep asta lan sami ngaturaken : tentrem rahayu

Psm     : Pasamuwan ngrepekaken KPK 165 : 1,3

6.       PISUNGSUNG PEPUJEN (Menawi Wonten -  Pasamuwan lenggah)

7.       DONGA PAMAOSING KITAB SUCI
PF        : Sumangga kita ndedonga : dhuh Gusti, mugi Paduka sidhemaken sedaya swanten ing manah kawula, kejawi swanten Roh Paduka, lan kawula kasagetna mirengaken swanten Paduka wonten ing salebeting pangandharing Pangandika kawula, ingkang sami badhe kawula waos. Amin

8.       PAMAOSING KITAB SUCI saking Yosua 1 : 9
Kawaos dening Lektor
Lektor   : ….mekaten pangandikanipun Gusti, pinujia asmanipun Gusti Yesus Kristus, haleluya
Psm     : haleluya amin (717571)

9.       RENUNGAN

10.   PISUNGSUNG PEPUJEN (menawi wonten)

11.   DONGA SAPAAT

12.   PANGAKENING IMAN RASULI (pasamuwan jumeneng)

13.   PANGUCAPING SOKUR (pasamuwan lenggah)
Maj       : Para sedherek, sumangga kita sami ngaturaken ucap sokur kita kagem Gusti, kanthi kita ngaturaken pisungsung, kanthi kita tansah enget pangandikanipun : Sang Kristus séda kanggo manungsa kabèh, supaya saben wong sing padha urip, uripé ora lumadi marang awaké dhéwé, nanging lumadia marang Panjenengané kang wis séda lan wis kawungokaké kanggo kepentingané wong-wong mau.

Psm     : Ngrepekaken KPK 186 : 1 -
14.   DONGA PISUNGSUNG (Pasamuwan jumeneng)
Maj       : dhuh Gusti, mugi Paduka karsa nampi pisungsung sokur kawula punika, kawula umat Kagungan Paduka ingkang sampun Paduka wilujengaken. Mugi Paduka ribah barang darbe kawula punika dados sarana rumentahing Sih Rahmat Paduka, inggih padamelaning Asta Paduka, kagem jembaring Kraton Paduka. Amin
Psm     : Pasamuwan Ngrepekaken KPK 187 : 1 (petugas pisungsung wansul wonten ing panggenanipun)

15.   DONGA RAMA KAWULA

16.   PANGUTUSAN LAN BERKAH
PF : sumangga kita tampi pangutusan lan berkahipun : Gusti Allah sumbering pangajeng-ajeng, tansah paring Sih katrentreman lan Sih Rahmatipun wonten kapitadosan kita, supados awit kekiyatanipun Sang Roh Suci, kita tansah kaluberan berkah lan pangajeng-ajeng.
Psm     : amin amin (1234)

17.   KIDUNG PANUTUP
Psm     : ngrepekaken KPK 343 : 1

note : tata pangibadah punika kapertal dening Pdt. Yehuda Fajar

Related Post:

0 komentar:

 
ans!!