The Lion of Jehuda: Kotbah 1 April 2012 Metal Set - Link Select

Kamis, 29 Maret 2012

Kotbah 1 April 2012


Mboten kadosdene Jemani

Para sedherek ingkang dipunkasihi Gusti Yesus Kristus,

Antawis taun 2007, wonten satunggaling tetanduran ingkang dadosaken heboh ing Indonesia. Reginipun awis sanget, kathah dipunpadosi, ngantos tiyang rila nyada barang darbe, supados saget pikantuk tetanduran punika. Mboten namung punika, wonten ugi tiyang ingkang rila alih profesi dados maling, inggih namung supados saget pikantuk tanduran punika. Semanten adi nipun tanduran punika ngrasuk ing gesangipun warga masyarakat Indonesia, saking tataran ekonomi lan social ingkang paling ngandhap ngantos ingkang paling inggil. Njih, punika naminipun anturium utawi jemani. Godhongipun sampun kalih utawi tiga, reginipun sampun ngungkuli regi HP kala semanten. Kathah cara katindakaken, supados tanduran jemani punika saget gesang lan karawat kanthi sae. Ngantos wonten ingkang nglebetaken dhateng kamar tidur, awit ajrih menawi tanduranipun punika ical. Miturut informasi saking internet, www.royyak.com, tanduran punika kaleget golongan tanduran liar ingkang mekar wonten wana utawi hutan. Tegesipun, tanduran punika yektosipun saget dipunpadosi wonten ing wana lan punika gratis, mboten ngantos ngedalaken dana ingkang kathah. Wonten ingkang saget tumbas mobil enggal awit nyade tanduranipun 4-5, wow luar biasa. Nanging samangke, utawi leresipun taun 2008, tanduran jemani sampun mboten dados barang ingkang wigatos maleh, kepara dados lalapan. Ajeng dipun seleh ing ngajeng griyo, mboten wonten ingkang purun mendhet maleh, punapa kedah mbayar. Kadosdene kita ingkang wonten ing dusun, leresipun punika dados pakan lembu utawi menda kemawon. Nanging mekaten kawontenanipun taun 2007, Indonesia dados heboh awit jemani. Sedaya tiyang dados gelisah awit jemani, tiyang dados kedanan jemani, nanging samangke jemani sampun mboten wonten artosipun. Tiyang dadosipun namung, suam-suam kuku kemawon.

Para sedherek ingkang dipunkasihi Gusti Yesus Kristus,

Kawontenan mekaten punika, ugi kedadosan antawis 2000 taun kapengker, ing satengahing peladosanipun Gusti Yesus. Popularitasipun Gusti Yesus luar biasa kala semanten, amargi Gusti Yesus saget nindakaken mukjijat, ingkang nengsemaken, lan dadosaken kathah tiyang sami gumun. Popularitasipun Gusti Yesus dados pratandha rawuhipun sang Mesih, ingkang sampun kawentar ing jamanipun para nabi, inggih punika dados juru wilujengipun bangsa Yahudi saking kasangsaran. Gusti Yesus saget kagambaraken kadosdene tanduran jemani ingkang sanget dipunpuja-puja, dipungunggung, lan kathah tiyang sami madosi. Mila rikala Gusti Yesus badhe lumebet ing Yerusalem, kathah tiyang sami methukaken rawuhipun kanthi cara ingkang luar biasa. Wonten ingkang ngrilakaken busananipun, dados karpet samangsa Gusti Yesus lumampah. Punika nggambaraken rilanipun tiyang-toyang dados umat ingkang setya dhateng sang Mesih. Wonten ingkang mendhet pang-pang ijem saking pategilan. Werni ijem (menawin ing Kitab Indonesia pun sebataken “daun berwarna hijau”) punika nggambaraken bilih tiyang sami methukaken kanthi kasuka rena saha kabingahan, lan pang punika nggambaraken bilih tiyang tiyang sami ngaturaken ingkang paling sae kagem Gusti Yesus, inggih punika kanthi ngaturaken ingkang taksih seger, ingkang paling sae. Lan tiyang-tiyang sami ngetut wingking, kanthi ngucap sokur lan berseru. Punika nggambarakn bilih sanget anggenipun tiyang sami memuja Gusti Yesus, nggunggung Gusti Yesus, dados Mesiasipun, kanthi setya ngetut wingking. Nanging punapa kedadosanipun? Kathahipun namung suam-suam kuku. Rikala Gusti Yesus dipunarak, nangin mboten dados Sang Mesih, dipunarak awit dipunfitnah, sedaya sami bungkem, malah wonten ingkang berbalik arah lan nyenyamah dhateng Gusti Yesus, tumut nyiksa Gusti Yesus, ngantos Gusti Yesus seda sinalib. Penyambutan ingkang swaunipun luar biasa, kagantosaken dados penyiksaan ingkang luar biasa, ngantos nganggep Gusti Yesus sampun mboten wonten ajinipun, patutipun namung nampi paukuman pati.

Para sedherek ingkang dipunkasihi Gusti Yesus Kristus,

Samangke kita lumebet ing minggu sangsara kaping enem, ingkang ugi pun sebat minggu palmarum. Minggu sengsara punika minggu-minggu kita ngayati malih kasangsaranipun Gusti Yesus. Samangke, pitakenanipun, punika kita ugi namung suam-suam kuku kemawon? Punapa wonten penyambutan kagem Gusti Yesus ingkang luar biasa ing saben dintenipun, wonten ing gesang kita? Utawi malah namung sekedar ritual kemawon? Contonipun, methukaken rawuhipun Gusti Yesus menawi badhe bujono kemawon, utawi ing dinten Paskah lan Natal, utawi rikala kita ngadhepi perkawis, utawi menawi kita ngraosaken mbetahaken Gusti Yesus, kita nembe methukaken rawuhipun? Punapa kita ugi nindakaken bab ingkang sami kadosdene tanduran jemani? Punapa ugi kita malah berbalik arah, lajeng nyenyamah lan nyiksa Gusti Yesus? Wonten ing minggu sangsara punika, sumangga kita niti priksa gesang kita, lan kita tanemaken ing dhiri kita tansah methukaken utawi menyambut rawuhipun Gusti Yesus saben wekdal, saben dinten, malah kepara saben detik. Wonten bab ingkang saget kita pethik saking waosan kita punika, cara anggen kita methukaken utawi menyambut rawuhipun Gusti Yesus ing gesang kita.

1. Ngaturaken busana kita dados karpet/alas.

Kita ngrilakaken gesang kita namung kagem Gusti Yesus, kanthi tansah ngasoraken dhiri kita. Kanthi ngasoraken dhiri punika, kita sampun methuk utawi menyambut rawuhipun Gusti Yesus wonten ing manah lan gesang kita. Kenging punapa kita kedah ngasoraken dhiri? Awit kanthi ngasoraken dhiri, kita sampun nulad Gusti Yesus ingkang ngasoraken dhirinipun, ngantos rila dados kurban kangge gesang kita. Wujuding ngasoraken dhiri lumantar tetembungan kita, lumantar patrap utawi sikep kita dhateng tiyang sanes.

2. Methik tanduran ingkang taksih ijem

Tansah ngaturaken ingkang taksih seger, fresh, ingkang paling sae kagem Gusti Yesus. Contonipun, ngaturaken pisungsung, nggih pisungsung ingkang paling sae. Ukuran sae punika benten-benten saben tiyang, ingkang baken ingkang kita aturaken punika pantes kagem Gusti Yesus. Conto sanesipun, kita total tumut peladosan kagem Gusti Yesus, punika ugi wujud kita ngaturaken ingkang paling sae. Mboten setengah-setengah utawi kapeksa. Kita nggadhahi prinsip, menawi Gusti Yesus sampun maringaken ingkang paling sae, kita ugi ngaturaken ingkang paling sae kagem Gusti Yesus

3. Ngetut wingking lan menyerukan asmanipun Gusti Yesus

Wonten ing gesang kita, kadospunapa kemawon kondisi lan kawontenanipun, kita tetep nggadhahi tekad ngetut Gusti Yesus, ngantos titik darah penghabisan. Mboten wonten ingkang saget nggantosaken posisinipun Gusti Yesus ing gesang kita. Contonipun, wonten tiyang ingkang nawaraken jabatan utawi bandha bea, nanging syaratipun kedah nilaraken Gusti Yesus. Conto kita menyerukan asmanipun Gusti Yesus, inggih punika kanthi tetep ngucap sokur ing sadhengah kawontenan. Contonipun, menawi kita pikantuk bencana, kita tetep matur “ Gusti Yesus mesthi maringi kekuatan marang aku….” Mboten kok “ adhuh biyung…Gusti..kok Paduka negakaken kawula….”

Para sedherek ingkang dipunkasihi Gusti Yesus Kristus,

Sumangga kita dados putra-putranipun ingkang setya lan mituhu dhateng Gusti Yesus, ngantos wekasaning jaman punika. Mboten dangu, Gusti Yesus badhe rawuh, ngrawuhi kita, mila sumangga kita ribah patrap utawi sikep gesang kita, ingkang mboten dados karsanipun Gusti. Sugeng lumebet ing minggu pra paskah, lan nyawisaken dhiri lumebet ing dinten paskah. Gusti Yesus mberkahi.




Related Post:

0 komentar:

 
ans!!